[00:38.76] Rumekso ingsun laku nisto ngoyo woro
[00:46.30] Kelawan mekak howo, howo kang dur angkoro
[00:54.05] Senajan setan gentayangan tansah gawe rubedo
[01:01.03] Hinggo pupusing jaman
[01:08.79] Hameteg ingsun nyirep geni wiso murko
[01:16.03] Maper hardaning ponco saben ulesing netro
[01:23.27] Linambaran sih kawelasan Ingkang Paring Kamulyan
[01:30.56] Sang Hyang Jati Pangeran
[01:38.29] Jiwanggo kalbu samudro pepuntoning laku
[01:45.03] Tumuju dhateng Gusti Zat Kang Amurbo Dumadi
[01:52.52] Manunggaling kawulo Gusti krenteg ati bakal dumadi
[02:00.00] Mukti ingsun tanpo piranti
[02:24.56] Sumebyar ing sukmo madu sarining perwito
[02:31.75] Maneko warno prodo mbangun projo sampurno
[02:39.03] Sengkolo tido mukso kolobendu nyoto sirno
[02:46.52] Tyasing roso mardiko
[02:54.04] Mugiyo den sedyo pusoko kalimosodo
[03:01.29] Yekti dadi mustiko sakjroning jiwo rogo
[03:08.80] Bejo mulyo waskito digdoyo bowo leksono
[03:16.27] Byar manjing sigro sigro
[03:23.27] Ampuh sepuh wutuh tan keno iso paneluh
[03:30.52] Gagah bungah sumringah ndadar ing wayah wayah
[03:37.80] Satriyo toto sembodo wirotomo katon sewu kartiko
[03:49.29] Kataman wahyu kolosebo
[04:14.04] Memuji ingsun kanthi suwito linuhung
[04:20.76] Segoro gondho arum swuh rep dhupo kumelun
[04:28.53] Ginulah niat ingsun hangidung sabdo kang luhur
[04:35.78] Titahing Sang Hyang Agung
[04:42.80] Rembesing tresno tondho luhing netro roso
[04:50.25] Roso rasaning ati kadyo tirto kang suci
[04:57.76] Kawistoro jopo montro kondang dadi pepadang
[05:05.04] Palilahing Sang Hyang Wenang
[05:12.80] Nowo dewo jawoto talisantiko bawono
[05:19.82] Prasido sidikoro ing sasono asmoro loyo
[05:26.80] Sri narendro kolosebo winisudo ing gegono
[05:38.27] Dhatan gingsir sewu warso
